Makalah Bahasa Jawa


Nglanggar pranataning sekolah sarta carane ngadhepi


PURWAKA

Ingkang sepisan kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken tulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan punika.
Makalah menika kula dhamel kangge njangkepi tugas basa jawi semester 2. Ing makalah menika dibahas bab ”nglanggar pranataning sekolah sarta carane ngadhepi”.
Wonten ing jaman sapunika, ananging moral lan budi pekerti krisis. Nglanggar sering kedadean ana ing endi-endi.
Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.



Penulis,
                                          



DAFTAR ISI
Judul……………………………………………………………………………………… 1
Purwaka…………………………………………………………………………………..  2
Daftar Isi…………………………………………………………………………………    3
Pambuka
1.      Latar Belakang…………………………………………………………………................   4
2.      Pendahuluan……………………………………………………………………................   4
Isi…………………………………………………………………………………………  5
Panutup
1.      Kesimpulan………………………………………………………………………............   8
2.      Daftar Pustaka……………………………………………………………………............  9

PENDAHULUAN
Prastawa bab nglanggar pranataning sekolah ana ing endi-endi. Saka kasus cilik nganti kasus gedhe. Kasus cilik upamane rame ing kelas, hape ra dipateni, mbolos sekolah, lan sakpiturute. Nanging ya ana kasus cilik sing sering dilakoni saengga dadi kasus gedhe. Upamane kasus mbolos sekolah. Kaya parikan “sitik-sitik saya suwe dadi bukit”, kepisan mbolos kur oleh poin 5, tapi yen saben dina ing sewulan, pira poin sing tabung? Apa ora akeh? Nek kasus gedhe upamane kasus tawuran. Kedadean sing lagi kawentar saiki yaiku kasus tawuran SMK 10 lan SMK 4 Semarang.
Korban saka kasus-kasus iku akeh, saka awake dhewek nganti wong liya. Sakliyane gawe korban jiwa, ya gawe nama baike dhewek lan wong tuwane ancur.
Pengarep-arepe warga sekolah utamane kepala sekolah lan wong tuwane yaiku kedadean iku ora bakal kedadean maneh.

LATAR BELAKANG

      Nglanggar pranataning sekolah  iku dudu budaya. Nglanggar pranataning sekolah iku prastawa sing ngisin-ngisini banget sing kedadean ing dunya pendhidikan. Ing bab punika, kula badhe nerangake babagan nyonto, jalarane, lan cara nyegahe.
      Kula ndhamel makalah menika kangge njangkepi tugas basa jawi semester 2.

ISI

Nglanggar yaiku sikap kang ora naati pranata sing ana. Pranataning sekolah yaiku sawijining sing digawe nggo gawe lingkungan sekolah dadi aman/nyaman. Dados, nglanggar pranataning sekolah yaiku sikap kang ora naati pranataning sekolah.
Jalaran saka kedadean nglanggar pranataning sekolah, yaiku:
1.      Saka awake dhewek
Bocah-bocah pada nglanggar pranataning sekolah amarga pada nggugu karepe dhewek ora gelem naati pranataning sekolah. Nek ora bocah kuwi duwe masalah emosi (neurotic/psychotic)

2.      Saka keluwarga
Miturut Hj. Yusof (1977) nunjukaken menawi 50 % bocah-bocah sing nglanggar pranataning sekolah yaiku bocah-bocah sing ngadepi masalah urip saben dinane lan nek ngarasa ora dianggap nang sekolah, ngko bocah-bocah kuwi dadi golet dalan metu nggo cara metu ket sekolah.

3.      Saka masyarakat
Nek kelakuan masyarakate ala ngko kelakuane bocah-bocah melu ala lan ngko nglanggar prantaning sekolah.



4.      Saka sekolah
Miturut Gragey (1970), Maslow lan Rogers (1962), Bosyen (1973) lan Gordon, nek pranataning sekolah disiplin banget ngko gawe kondisi ora disiplin amarga bocah-bocah pada nentang pranataning sekolah sing disiplin banget kuwi nggo kelakuan sing elek upamane ora ngormati guru, ora sopan, lan nglawan guru.


5.      Saka media massa
Film kekerasan lan porno sing ora trep karo agama lan akhlak budaya timur, isa gawe kelakuan bocah dadi ora apik nang proses pembelajaran amarga tiru-tiru saka film sing ditonton.

6.      Saka kanca
Dijak kanca, nek ra gelem ngko mbok ora diakoni dadi kancane

Cara nyegah ben kedadean nglanggar pranataning sekolah ora kedadean:
1.      Saben bocah kudu duwe kasadaran jiwa.
2.      Bocah-bocah iku kudu sadar yen Gusti Allah saged mrisani sedayanipun sing ana ing dunya.
3.      Wong tuwa lan guru uga kudu telalen ngelingna putra-putrine supados mboten nglanggar pranataning sekolah.
4.      Wong tuwa lan guru uga kudu njleterake kedadean-kedadean apa bae sing bakal diahepi bocah-bocah nalika nglanggar pranataning bocah, kayata:
·         Bocah-bocah bakal oleh dosa saking Gusti Allah
·         Bakal ancur nama baike
·         Nek wis nglanggar ngko dadi ketagihan nglanggar maning.

Cara ngadhepi bocah sing pada nglanggar pranataning sekolah:
Kapisan, bocah kuwi dinei peringatan. Tapi yen bocah kuwi nglanggar maning, bocah kuwi diwehna meng BP. Nek ngulangi maning dipanggil wong tuwane.
PANUTUP
1.     Kesimpulan
Nglanggar pranataning sekolah  iku kudu di cegah lan di berantas amarga ora trep karo peraturan-peraturan sing ana trus supados  bocah-bocah pada disiplin.
Jalaran bocah-bocah pada nglanggar pranataning sekolah, kayata:
1.      Saka awake dhewek
2.      Saka keluwarga
3.      Saka masyarakat
4.      Saka sekolah
5.      Saka media massa
6.      Saka kanca

Carane nyegah iku gampang,
1.      Kudu bisa ngerubah awake dhewe
2.      Kudu duwe iman sing kuat
3.      Wong tuwa lan guru kudu ngelingna putra-putrine
4.      Bocah-bocah kudu ngerti apa bae bahayane nglanggar pranataning sekolah

Mugi-mugi, wiwit dinten saiki Panjenengan lan Kula saged ngirangi utawa ninggalaken kebiasaan nglanggar pranataning sekolah…..amin
Daftar pustaka
Suara Merdeka, 12 Februari 2012




Komentar

Postingan Populer